Video Pembelajaran "Jinising Tembung"
Miturut golonganing
Tembung cacahe ana 10 warna (menurut golongannya kata, jumlahnya ada 10) yaiku :
1. Tembung aran (kata benda)
Yaiku jenenge sekabehing apa
bae kang dianggep barang.
Tuladha: pari, Solo, Haryadi,
sapi, Merapi, meja, lsp.
2. Tembung kriya (kata kerja)
Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.
Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp.
3. Tembung kaanan
Yaiku sakabehing tembung kang
mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang.
4. Tembung katrangan
Yaiku sakabehing tembung kang
mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung
aran.
Tuladha:
a. asune mlayu banter.
b. mangane alon-alon.
Tembung katrangan liyane: mau,
ingkang, kana, mengko, tau, mesthi, lsp.
5. Tembung sesulih
Yaiku sakabehing tembung kang
kanggo nyulihi utawa ngganti jeneng barang utawa wong supaya ora bola-bali
nyebut jenenge barang utawa wong mau.
Tembung sesulih bias kaperang
dadi telung werna:
a. Tembung sesulih wong kapisan (aku, ingsun, kula, abdi dalem, lsp.)
b.Tembung sesulih wong kapindho (dheweke, kowe, sampeyan, sliramu, lsp.)
c. Tembung sesulih wong katelu (dheweke, panjenengane, iku, kuwi, apa,
sapa, ku, mu, lsp.)
6. Tembung wilangan
Tuladha: siji, loro, seprapat,
kapisan, kapindho, sepira, lsp.
7. Tembung ancer-ancer
Yaiku sakabehing tembung kang
dianggo nggandheng tembung lan tembang ing sajroning ukara.
Tuladha:
a. Bapak tindak menyang
Semarang.
b. Sjita saiki manggon
ing Ngadireja.
Tuladha liyane: saka, ing,
karo, tumrap, marang, kanthi, saha, lsp.
8. Tembung panggandheng
Yaiku sakabehing tembung kang
nyambung ukara siji lan sijine ing ukara rangkep utawa ukara majemuk.
Tuladha:
a. Bapak lagi maos
Koran, dene Ibu ndondomi klambi.
b. Adhine pinter,
nanging kangmase bodho banget.
c. Lagi bae adhine mati,
malah kangmase lara banget.
d. Sabubare ngaso
sapisan, banjur bocah-bocah padha mulih.
e. Sutinah iku ayu, mulane
akeh wong kang seneng.
Tuladha liyane: sarta, lan,
kajaba, jalaran, sabab, marga, awit, lsp.
9. Tembung panyeru
Yaiku tembung kang nggambarake
wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa gumun, lsp.
Tuladha: adhuh, ah, eh, lho,
nah, wah, lha, kok, hus, lsp.
10. Tembung panyilah
Yaiku tembung sing dianggo
nyilahake patrap, barang, bab, utawa liyane (kata sandang).
Tuladha:
a. Ingkang rama ngasta wonten
pundi Mbak?
b. Para tamu katuran jumeneng
sawetawis.
c. Si Suta lan si Soma mlaku
bebarengan.
d. Sri Sultan misuwur
kabecikane.
e. Sang Prabu nembe
semedi.
Terima Kasih Atas Perhatiannya. Semoga Ilmunya Bermanfaat
0 komentar:
Posting Komentar